Cinarita hana ta prasadha tunggang prawata Ngamparan Jati, yawat ta ratrikala ring kadhohan murub katinghalan kadi linthang kang tejamaya. Kunang iking prasadha palinggannya, pasisi Muhara Jati ikang mangadegna yata baladika Cina Wa Heng Ping ngaranira lawan Sang Laksamana Te Ho sabalanya kang sahanira tan ketung, irika ta ring. Pasambangan ing lampakhira umareng Majapahit mandeg sawatara ing Muara Jati, ri huwuska tamolah ing Pasambangan desa, magawe karya ring Sang Juru Labuhan tan masowe panatara ning akara. Pitung rahina kulem, ri huwus ika prasadha tinuku dheng sira Ki Juru Labuhan yeka kang dumadi Mangkubumi makanama Jumajan Jati, tinukar lawan uyah, trasi, beras tuton, grabadan, lawan kayu jati. Umangkat ring Jawa Wetan tumuli, sampunya kabeh pepek siro ning prahwanka. Purwaka Caruban Nagari karya Pangeran Arya Carbon